PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 47:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Coba gunakna guna-guna lan ilmu gaibmu,+

      Sing tenanan mbok upayakké kèt kowé isih cilik.

      Sapa ngerti kuwi ana gunané kanggo kowé

      Lan isa nggawé wong liya wedi.

      13 Kowé kesel merga saking akèhé naséhat saka para penaséhatmu.

      Bèn waé wong-wong kuwi mara lan nylametké kowé.

      Wong-wong kuwi nyembah langit lan* nggatèkké bintang-bintang.+

      Pas bulan anyar, wong-wong kuwi nyritakké

      Apa sing bakal mbok alami.

  • Danièl 2:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab, ”Ing bumi iki, ora ana sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan. Ora ana penguasa utawa malah raja-raja sing agung sing tau njaluk kaya ngéné iki marang para ahli ilmu gaib, para peramal, lan wong Khaldéa.* 11 Sing njenengan jaluk kuwi angèl banget, lan ora ana sing isa ngandhani njenengan kecuali para déwa, padahal ing kéné ora ana déwa sing isa ngandhani njenengan.”

  • Danièl 5:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Terus, kabèh wong wicaksana padha ngadhep Raja, ning ora ana sing isa maca tulisan kuwi lan njelaské artiné marang Raja.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim