-
Èster 3:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Bar kuwi, para sekretarisé Raja+ padha diundang* pas dina ke-13 sasi pertama. Wong-wong kuwi nulis+ kabèh préntahé Haman, terus ngirimké surat kuwi marang para wakilé raja, para gubernur provinsi, lan para pejabat saka kabèh bangsa. Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Kuwi ditulis nganggo jenengé Raja Ahaswéros lan disahké nganggo cincin cap duwèké Raja.+
-
-
Èster 8:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Suraté ditulis nganggo jenengé Raja Ahaswéros, lan kuwi disahké nganggo cincin cap+ duwèké Raja. Terus surat kuwi dikirim liwat para utusan sing numpak jaran. Wong-wong kuwi numpak jaran kerajaan sing cepet banget.
-