-
Danièl 8:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 ”Ing akhir pamréntahané kerajaan-kerajaan kuwi, yaiku pas kejahatané para pelanggar wis tekan batasé, bakal ana raja sing jahat sing licik banget.* 24 Dhèwèké bakal dadi kuwat banget, ning dudu merga kekuwatané dhéwé. Dhèwèké bakal bener-bener ngancurké apa waé, lan kabèh sing ditindakké bakal berhasil, termasuk matèni wong-wong sing kuwat lan wong-wong suci.+
-
-
Danièl 12:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Terus, aku krungu swarané wong lanang sing nganggo klambi linèn, yaiku sing ana ing ndhuwur banyu kali mau. Dhèwèké ngangkat tangané tengen lan kiwa marang langit lan sumpah demi Gusti Allah sing urip saklawasé.+ Dhèwèké kandha, ”Kuwi bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké, yaiku setaun, rong taun, lan setengah taun.* Sakwisé kekuwatané wong-wong suci dihancurké,+ kuwi kabèh bakal rampung.”
-