-
Pangentasan 34:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+ 7 nduduhké katresnan sing langgeng* marang wong akèh,+ lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.+ Ning, wong sing jahat ora bakal bébas saka hukuman.+ Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.”+
-
-
Néhémia 9:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+
-