-
Lukas 19:43, 44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
43 Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu ngepung kowé nganggo kayu-kayu lancip lan nyerang kowé saka ngendi-endi.+ 44 Mungsuh-mungsuhmu bakal nggawé kowé dadi rata karo lemah+ lan matèni anak-anakmu. Ora bakal ana watu siji waé sing numpuk ing ndhuwuré watu liyané,+ merga kowé ora sadhar nèk Gusti Allah wis teka kanggo ngadili kowé.”
-