-
Ibrani 9:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Ning Kristus wis dadi imam agung, lan awaké dhéwé wis ngrasakké berkah-berkahé. Wektu dhèwèké dadi imam agung, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih hébat lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora ana ing bumi. 12 Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé+ bèn isa mbébaské* awaké dhéwé+ kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.
-
-
Ibrani 10:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sakdurungé, dhèwèké kandha, ”Njenengan ora péngin lan ora seneng karo korban, persembahan, persembahan bakaran, lan persembahan dosa,” yaiku korban-korban sing diwènèhké sesuai karo Hukum Musa. 9 Terus dhèwèké kandha, ”Aku wis teka kanggo nindakké kepénginan-Mu.”+ Dhèwèké nyingkirké pengaturan sing pertama bèn pengaturan sing keloro isa ditindakké. 10 Cocog karo ”kepénginané” kuwi,+ awaké dhéwé wis digawé suci liwat badané Yésus Kristus sing dipersembahké ping pisan kanggo saklawasé.+
-