-
Danièl 2:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab, ”Ing bumi iki, ora ana sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan. Ora ana penguasa utawa malah raja-raja sing agung sing tau njaluk kaya ngéné iki marang para ahli ilmu gaib, para peramal, lan wong Khaldéa.* 11 Sing njenengan jaluk kuwi angèl banget, lan ora ana sing isa ngandhani njenengan kecuali para déwa, padahal ing kéné ora ana déwa sing isa ngandhani njenengan.”
-