-
Danièl 2:40-42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
40 ”Kerajaan sing kepapat bakal kuwat kaya wesi.+ Kaya wesi sing ngancurké lan ngremuk apa waé, kerajaan kuwi bakal ngancurké lan bener-bener ngremuk kabèh kerajaan sakdurungé.+
41 ”Terus kaya sing njenengan delok, sikil bagéan ngisor lan driji-drijiné sebagéan saka tanah liat lan sebagéan saka wesi. Mula kerajaan kuwi ora isa bersatu, ning sebagéan kerajaan kuwi bakal atos kaya wesi, merga kaya sing njenengan delok wesiné campur karo tanah liat sing lembèk. 42 Kaya driji-drijiné sing sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat, kerajaan kuwi bakal kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan.
-