-
Danièl 2:34, 35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Pas njenengan isih ndelok patung kuwi, ana watu sing dipotong saka gunung sing ngancurké sikil bagéan ngisor patung kuwi sing digawé saka wesi lan tanah liat. Watu kuwi ora dipotong nganggo tangané manungsa.+ 35 Wesi, tanah liat, tembaga, pérak, lan emas kuwi remuk kabèh lan dadi kaya kulit biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing musim panas. Kulit biji-bijian kuwi kabur kena angin nganti ora ana bekasé blas. Tapi, watu sing ngancurké patung kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.
-