-
1 Para Raja 12:32, 33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Yéroboam ya nggawé perayaan ing dina ke-15 sasi ke-8, kaya perayaan ing Yéhuda.+ Ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel,+ dhèwèké mènèhké korban marang patung-patung anak sapi gawéané. Ing Bètel, dhèwèké ya nugaské para imam ing panggonan-panggonan dhuwur gawéané. 33 Ing dina ke-15 sasi ke-8, yaiku sasi pilihané dhéwé, dhèwèké mulai mènèhké korban ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel. Dhèwèké nggawé perayaan kanggo wong Israèl lan munggah ing mézbah kanggo mènèhké korban lan nggawé asap korban.
-
-
Hoséa 13:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”Wektu Éfraim ngomong, wong-wong padha ndredheg.
Dhèwèké sing paling kuwat ing antarané suku-suku ing Israèl.+
Ning merga nyembah Baal,+ dhèwèké dadi salah lan mati.
Wong-wong kuwi trampil nggawé brahala. Kuwi kabèh hasil gawéané para pengrajin.
Wong-wong kuwi kandha, ’Wong-wong sing mènèhké korban kudu ngambung patung anak sapi.’+
-