-
Purwaning Dumadi 32:24-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Wektu Yakub dhèwèkan, ana wong lanang* sing gelut karo dhèwèké nganti matahari mèh terbit.+ 25 Wektu wong lanang kuwi ngerti nèk dhèwèké ora isa ngalahké Yakub, dhèwèké ndemèk sendi pinggulé Yakub. Mula, sendi pinggulé Yakub mléngsé pas dhèwèké gelut karo wong lanang kuwi.+ 26 Terus wong lanang kuwi kandha, ”Eculna aku, merga matahari wis mèh terbit.” Yakub njawab, ”Aku ora bakal ngeculké kowé nèk kowé ora mberkahi aku.”+
-