-
Pangandharing Torèt 6:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Sukmbèn Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing dijanjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub, sing bakal diwènèhké marang kowé,+ yaiku kutha-kutha sing gedhé lan apik sing ora mbok bangun,+ 11 omah-omah sing kebak karo barang-barang sing apik sing dudu hasil kerja kerasmu, sumur sing ora mbok gali, lan kebon anggur lan wit zaitun sing ora mbok tandur. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+ 12 Nèk kuwi wis kelakon, aja nganti nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu,+ sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak.
-
-
Pangandharing Torèt 8:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Nèk kowé wis mangan nganti wareg, mbangun omah sing apik lan manggon ing kono,+ 13 terus ternakmu tambah akèh, pérak lan emasmu tambah akèh, lan bandhamu tambah akèh, 14 aja dadi sombong+ lan aja nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu, sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, panggonan wektu kowé dadi budhak.+
-