-
Kaimaman 26:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Panènanmu bakal akèh banget. Durung rampung kowé nggiles* gandum, kowé wis kudu manèn anggur. Pas kowé isih manèn anggur, kowé wis kudu nyebar benih. Kowé bakal mangan roti nganti puas, lan kowé ya bakal aman manggon ing negaramu.+ 6 Aku bakal nggawé negaramu tentrem,+ lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.+ Aku bakal ngusir kéwan buas saka negaramu, lan ora ana sing bakal nyerang kowé nganggo pedhang.
-
-
Mikha 4:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa+
Lan bakal ngrampungké masalahé bangsa-bangsa kuwi.
Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi mata bajak
Lan tombaké dadi arit.+
Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa
Lan ora bakal ajar perang manèh.+
4 Saben wong bakal lungguh* ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé.+
Ora ana sing bakal nggawé wedi+
Merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.
-