-
Ézra 9:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+ 7 Aku lan bangsaku wis dosa gedhé banget kèt jamané nènèk moyangku nganti saiki.+ Aku, raja-rajaku, lan para imamku diserahké marang raja-raja saka bangsa liya, dipatèni nganggo pedhang,+ ditawan,+ dijarah,+ lan diisin-isinké nganti saiki.+ Kuwi kabèh kelakon merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku.
-