-
2 Para Raja 10:29-31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Ning, Yéhu terus nindakké dosa kaya sing ditindakké wong Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Yéhu ora nyingkirké patung anak sapi sing ana ing Bètel lan ing Dan.+ 30 Mula Yéhuwah kandha marang Yéhu, ”Tumindakmu apik, lan kowé wis nindakké apa sing bener ing ngarep-Ku. Kowé wis nindakké apa sing péngin Tak tindakké marang keluargané Ahab.+ Mula, keturunanmu bakal lungguh ing takhta Israèl nganti keturunan kepapat.”+ 31 Ning, Yéhu ora saktulusé ati+ manut karo Hukumé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké terus nindakké dosa sing ditindakké wong Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+
-