PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 23:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Dhèwèké ngomong, ”Hé kowé wong Sidon* sing ditindhes,

      Kowé ora bakal ngrasa seneng manèh.+

      Nyabranga menyang Kitim.+

      Ing kana kowé ya ora bakal ngrasa tenang.”

  • Yérémia 47:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Bakal tekan wektuné, kabèh wong Filistin bakal dipatèni.+

      Kabèh sing mbantu Tirus+ lan Sidon+ ya bakal disingkirké,

      Sebab Yéhuwah bakal nyingkirké wong Filistin sing isih urip

      Sing asalé saka Pulau Kaftor.*+

  • Yèhèzkièl 25:15-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong Filistin terus-terusan sengit karo Israèl. Wong-wong kuwi ngupaya balas dendam lan nyingkirké wong Israèl.+ 16 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+ 17 Karo nesu banget, wong-wong kuwi bakal Tak bales lan Tak hukum. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah pas Aku mbales wong-wong kuwi.”’”

  • Amos 1:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’Merga Tirus+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

      Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané marang Édom

      Lan ora éling karo perjanjian paseduluran+ sing wis digawé sakdurungé.

      10 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Tirus,

      Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.’+

  • Zakharia 9:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Iki berita saka Gusti Allah:

      ”Aku, Yéhuwah, arep ngukum tanah Hadrakh, khususé Damaskus,+

      Sebab Aku, Yéhuwah, nggatèkké manungsa+

      Lan kabèh suku Israèl.

       2 Dhèwèké ya bakal ngukum Hamat,+ yaiku tanah sing ana ing cedhaké.

      Tirus+ lan Sidon+ ya bakal dihukum senajan wicaksana banget.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim