-
Yésaya 63:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Aku dhèwèkan ngidak-idak anggur.
Ora ana sing ngancani Aku.
Merga nesu, Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku.
Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku merga Aku nesu banget.+
Klambi-Ku kecipratan getihé,
Lan klambi-Ku dadi reged banget.
-
-
Wahyu 14:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Bar kuwi, ana malaékat liyané manèh sing metu saka mézbah. Malaékat kuwi nduwé kuwasa marang geni. Dhèwèké ngomong nganggo swara banter marang malaékat sing nyekel arit landhep kuwi, ”Sabetna aritmu sing landhep lan klumpukna tanduran anggur ing bumi merga buahé wis mateng.”+ 19 Terus, malaékat kuwi nyabetké arité lan nglumpukké tanduran anggur ing bumi. Bar kuwi, dhèwèké nguncalké kuwi ing panggonan gedhé kanggo meres anggur sing nglambangké rasa nesuné Gusti Allah.+ 20 Buah anggur kuwi diidak-idak ing njaba kutha, lan ana getih sing metu saka panggonan kanggo meres anggur kuwi. Getih kuwi mili nganti adohé 1.600 setadi* lan dhuwuré nganti sak cangkemé* jaran.
-