PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 14:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 ”Hé kowé wong Filistia, aja ngrasa seneng

      Mung merga tongkat sing dienggo nggebug kowé wis ditugel,

      Sebab anaké ula bakal dadi ula beracun+

      Lan keturunané bakal dadi ula beracun sing isa mabur.

  • Yérémia 47:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Bakal tekan wektuné, kabèh wong Filistin bakal dipatèni.+

      Kabèh sing mbantu Tirus+ lan Sidon+ ya bakal disingkirké,

      Sebab Yéhuwah bakal nyingkirké wong Filistin sing isih urip

      Sing asalé saka Pulau Kaftor.*+

  • Yèhèzkièl 25:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+ 17 Karo nesu banget, wong-wong kuwi bakal Tak bales lan Tak hukum. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah pas Aku mbales wong-wong kuwi.”’”

  • Zéfanya 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 ”Cilaka bangsa Khèrèti+ sing manggon ing dhaérah pinggir laut.

      Yéhuwah wis kandha nèk bakal ngukum kowé.

      Kanaan, tanahé wong Filistin, kowé ya bakal Tak hancurké,

      Nganti ora ana manèh sing manggon ing kono.

  • Zakharia 9:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Penduduk asing bakal manggon ing Asdod,

      Lan sing diunggul-unggulké wong Filistin bakal Tak hancurké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim