-
Para Hakim 11:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Bar kuwi, Yéfta ngirim utusan marang rajané wong Ammon,+ kandhané, ”Ngapa kok kowé tumindak kaya ngéné iki marang aku lan nyerang bangsaku?” 13 Rajané wong Ammon njawab utusané Yéfta, ”Pas metu saka Mesir,+ Israèl wis ngrebut wilayahku, saka Arnon+ nganti Yabok, malah tekan Kali Yordan.+ Saiki balèkna kuwi, terus awaké dhéwé damai.”
-