-
1 Samuèl 12:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Ning, nèk kowé ora ngrungokké swarané Yéhuwah lan mbrontak nglawan préntahé Yéhuwah, Yéhuwah bakal nglawan kowé lan bapakmu.+
-
-
1 Babad 28:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Kowé, Salomo anakku, kowé kudu kenal karo Gusti Allah sing disembah bapakmu lan kudu seneng+ wektu nglayani Dhèwèké saktulusé atimu,+ merga Yéhuwah mriksa kabèh niat lan pikiran.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké ya bakal nolak kowé saklawasé.+
-
-
Yérémia 37:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ning wong Khaldéa bakal bali manèh, terus nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki nganti entèk.”+
-
-
Yérémia 52:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Ing sasi kelima, ing dina kesepuluh sasi kuwi, yaiku taun ke-19 pamréntahané Nébukhadnézar* raja Babilon, Nébuzaradan sing dadi kepala pengawalé raja Babilon teka menyang Yérusalèm.+ 13 Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja, lan kabèh omah ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ngobong kabèh omah gedhé ing kutha kuwi. 14 Témbok-témbok sing ngubengi kutha Yérusalèm dirubuhké karo kabèh pasukan Khaldéa sing ngetutké kepala pengawal kuwi.+
-