29 Pas ana akèh wong sing ngumpul, Yésus ngomong, ”Wong-wong jaman iki jahat. Wong-wong kuwi njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Yunus.+ 30 Kaya Yunus+ sing dadi tandha kanggo wong Niniwé, Anaké manungsa ya bakal dadi tandha kanggo wong-wong jaman iki.