16 Ing taun ke-17 pamréntahané Pékah anaké Rémalia, Ahaz+ anaké Yotam raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Ahaz umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké ora nindakké sing bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahé.+