PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 50:8-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Aku nyenèni kowé dudu merga korban sing mbok wènèhké,

      Lan dudu merga persembahan bakaran sing terus mbok wènèhké marang Aku.+

       9 Aku ora butuh sapi saka omahmu

      Utawa kambing* saka kandhangmu,+

      10 Merga kabèh kéwan liar ing hutan kuwi duwèk-Ku,+

      Lan kéwan liar sing manggon ing kabèh gunung kuwi ya duwèk-Ku.

      11 Aku ngerti saben manuk ing gunung.+

      Kabèh kéwan ing padhang kuwi duwèk-Ku.

      12 Nèk Aku ngelih,* Aku ora bakal njaluk mangan saka kowé,

      Merga bumi sak isiné kuwi duwèk-Ku.+

      13 Apa Aku perlu mangan dagingé sapi

      Lan ngombé getihé kambing?+

      14 Wènèhna korban marang Gusti Allah,+ yaiku ucapan syukur,

      Lan kowé kudu nepati janjimu marang Sing Mahaluhur.+

      15 Kowé kudu njaluk tulung marang Aku pas lagi susah.+

      Aku bakal nylametké kowé, lan kowé bakal ngluhurké Aku.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim