PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 21:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Yéhuwah luwih seneng nèk wong nindakké sing bener lan adil

      Timbang mènèhi persembahan.+

  • Yésaya 1:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé kudu ngupaya nindakké sing apik lan sing adil.+

      Wong sing nindhes kudu mbok senèni.

      Kowé kudu mbéla haké bocah yatim*

      Lan mbéla para randha.”+

  • Yérémia 22:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Tindakna apa sing adil lan sing bener. Tulungana wong sing hartané dirampas para penipu. Aja nindhes penduduk asing, aja tumindak jahat marang anak yatim* lan randha,+ lan aja matèni wong sing ora salah ing kutha iki.+

  • Yèhèzkièl 45:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé para pemimpin ing Israèl, kowé kuwi wis kebangeten.’

      ”’Aja kejem, lan aja nindhes manèh. Tindakna apa sing adil lan bener.+ Aja ngrampas manèh tanahé umat-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

  • Hoséa 12:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 ”Mula, mertobata marang Gusti Allahmu.+

      Terusa nduduhké katresnan sing langgeng* lan keadilan,+

      Lan terusa ngarep-arep marang Gusti Allahmu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim