-
Yèhèzkièl 34:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal para gembalané Israèl. Sampèkna ramalan, lan ngomonga marang para gembala kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para gembalané Israèl,+ sing nyedhiakké panganan mung kanggo dipangan dhéwé. Kuduné para gembala kuwi mènèhi pangan domba-dombané.+ 3 Gajihé malah mbok pangan, wuluné mbok dadèkké klambi, lan sing paling lemu mbok belèh.+ Ning, domba-domba kuwi ora mbok wènèhi pangan.+
-