-
Yésaya 2:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ing dina-dina terakhir,
Gunung panggonané omahé Yéhuwah
Bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané.+
Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.
Kabèh bangsa bakal bareng-bareng lunga mrono.+
3 Wong-wong saka bangsa liya bakal lunga mrono lan kandha,
”Ayo munggah ing gunungé Yéhuwah,
Ing omahé Gusti Allahé Yakub.+
Dhèwèké bakal ngajari awaké dhéwé soal dalané,
Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”+
4 Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa
Lan bakal mènèhi petunjuk marang bangsa-bangsa.
Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi pisau bajak
Lan tombaké dadi arit.+
Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa
Lan ora bakal ajar perang manèh.+
-