-
Yosua 6:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Ning, kowé kudu ngedohi kabèh sing kudu dihancurké+ supaya kowé ora péngin lan njupuk kuwi.+ Nèk mbok jupuk, perkémahané Israèl bakal kena bencana,* terus padha dipatèni.+ 19 Tapi, kabèh pérak, emas, lan barang-barang saka tembaga lan wesi kuwi suci kanggoné Yéhuwah.+ Kuwi kabèh kudu digawa menyang panggonan kanggo nyimpen hartané Yéhuwah.”+
-
-
Yésaya 23:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Sakwisé 70 taun, Yéhuwah bakal éling karo Tirus. Tirus bakal dadi pelacur manèh lan dibayar karo kabèh kerajaan ing bumi. 18 Bayarané lan keuntungané bakal dianggep suci kanggoné Yéhuwah. Kuwi ora bakal disimpen lan dikumpulké pelacur kuwi, ning bakal diwènèhké marang umaté Yéhuwah, bèn umaté isa mangan nganti wareg lan nganggo klambi sing apik.+
-