-
2 Babad 32:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Hizkia omong-omongan karo para pejabat lan para pejuangé, terus mutuské kanggo ngendhegké aliran banyu saka sumber-sumber banyu sing ana ing njaba kutha,+ lan wong-wong kuwi ndhukung dhèwèké. 4 Akèh wong padha ngumpul, lan wong-wong kuwi ngendhegké aliran saka kabèh sumber banyu lan kali sing mili ing negara kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Aja nganti pas raja-raja Asiria teka, wong-wong kuwi éntuk akèh banyu.”
-