PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 42:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Wong sing percaya karo patung

      Lan wong sing ngomong karo patung logam,* ”Kowé allahku,”+

      Bakal dikalahké lan digawé isin.

  • Yésaya 44:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Ora ana sing nduwé pengetahuan lan pemahaman.

      Kuduné wong-wong kuwi mikir ngéné,

      ’Kayu bakaré sing sebagéan tak obong

      Bèn isa tak enggo manggang roti lan daging.

      Mosok sing sebagéan manèh tak gawé patung sing njijiki?+

      Mosok aku nyembah kayu?’*

      20 Dhèwèké kaya wong sing mangan awu.

      Dhèwèké nindakké sing ora bener merga pikirané wis dipengaruhi.

      Dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé.

      Dhèwèké ya ora ngakoni nèk wis nyekel patung sing ora ana gunané.

  • Yésaya 45:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Hé kowé, wong-wong sing bébas saka bangsa-bangsa,+

      Kowé kudu ngumpul lan teka mréné.

      Wong-wong sing wira-wiri nggawa patung allahé kuwi ora ngerti apa-apa.

      Wong-wong kuwi ndonga marang allah sing ora isa nylametké wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim