-
Pangandharing Torèt 28:49-51Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
49 ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané. 50 Bangsa kuwi kejem, ora perduli karo wong sing wis tuwa, lan ora mesakké karo sing enom.+ 51 Bangsa kuwi bakal mangan ternakmu lan hasil tanahmu nganti kowé disingkirké. Ora ana biji-bijian, anggur anyar, minyak, anak sapi, utawa anak domba sing diturahké wong-wong kuwi kanggo kowé nganti wong-wong kuwi nyingkirké kowé.+
-
-
Yérémia 5:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah kandha, ”Hé wong Israèl,+ ana bangsa saka adoh sing bakal Tak kongkon marani kowé.
Bangsa kuwi wis ana kèt mbiyèn.
Kuwi bangsa saka jaman kuna,
Yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni
Lan sing kata-katané ora mbok pahami.+
16 Wadhah panahé kaya kuburan sing mbukak.
Kabèh wong kuwi pejuang.
17 Panènan lan rotimu bakal dientèkké wong-wong kuwi.+
Anak-anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni.
Kambing, domba, lan sapimu ya bakal dipatèni.
Wit anggur lan wit aramu bakal dientèkké.
Kutha-kuthamu sing ana bèntèngé sing mbok endelké bakal dihancurké prajurité wong-wong kuwi.”
-
-
Yérémia 6:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Yéhuwah kandha ngéné,
”Ana bangsa sing bakal teka saka tanah lor,
Lan ana bangsa gedhé sing bakal teka saka dhaérah sing paling adoh ing bumi.+
23 Wong-wong kuwi bakal nggawa busur panah lan tombak.
Wong-wong kuwi kejem lan ora nduwé rasa mesakké.
Swarané wong-wong kuwi bakal kaya gemuruhé laut.
Wong-wong kuwi numpak jaran.+
Wong-wong kuwi nggawé barisan perang kaya prajurit kanggo nyerang kowé, hé kutha Zion.”
-
-
Yèhèzkièl 23:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Mula hé Oholiba, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé kowé diserang saka ngendi-endi+ karo kekasih-kekasihmu+ sing wis mbok tinggalké merga jijik, 23 yaiku wong Babilon+ lan kabèh wong Khaldéa,+ wong Pékod,+ Syoa, Koa, lan kabèh wong Asiria. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng lan numpak jaran, yaiku para gubernur, pejabat, para prajurit, lan wong-wong pilihan.
-