-
Yérémia 39:5-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* wong-wong kuwi lan isa nututi Zédékia ing Padhang Gurun Yérikho.+ Terus, Zédékia ditangkep lan digawa marang Nébukhadnézar* raja Babilon, ing Ribla+ ing dhaérah Hamat.+ Ing kana, Raja ngukum Zédékia. 6 Ing Ribla, raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Raja Babilon matèni kabèh bangsawan Yéhuda.+ 7 Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, terus nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
-
-
Danièl 5:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Oh Raja, Gusti Allah sing Mahaluhur wis mènèhi kerajaan, kekuasaan, kehormatan, lan kemuliaan+ marang bapakmu,* Raja Nébukhadnézar. 19 Merga kekuasaan saka Gusti Allah kuwi, wong-wong saka kabèh bangsa lan basa wedi karo dhèwèké.+ Sapa sing péngin dhèwèké patèni bakal dipatèni, sing ora péngin dipatèni ya ora dipatèni. Dhèwèké ya ngunggulké utawa ngrendhahké sapa waé sing dipéngini.+
-