PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 15:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Yah* kuwi kekuwatan lan kuwasaku. Dhèwèké sing nylametké aku.+

      Dhèwèké Gusti Allahku, lan aku bakal muji Dhèwèké.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allahé bapakku,+ lan aku bakal ngluhurké Dhèwèké.+

  • 1 Samuèl 2:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Terus, Hana ndonga,

      ”Atiku seneng merga Yéhuwah.+

      Yéhuwah mènèhi aku kekuwatan.*

      Aku kendel njawab mungsuh-mungsuhku

      Merga aku seneng karo carané Njenengan nylametké.

  • Mazmur 18:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Yéhuwah kuwi tebing watuku lan bèntèngku, Dhèwèké sing nylametké aku.+

      Gusti Allah kuwi gunung watuku,+ panggonanku nggolèk perlindungan,

      Tamèngku lan juru slametku sing kuwat,* panggonan berlindung* sing aman.+

  • Mazmur 27:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Yéhuwah kuwi sing nuntun* aku+ lan nylametké aku.

      Aku ora wedi karo sapa waé.+

      Yéhuwah kuwi kaya bèntèng sing nglindhungi uripku.+

      Ora ana sing nggawé aku wedi.

  • Yésaya 61:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aku bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah.

      Atiku seneng banget merga Gusti Allah.+

      Tumindaké kanggo nylametké aku kaya klambi sing dianggokké aku.+

      Wektu Dhèwèké kandha nèk aku nindakké sing bener, kuwi kaya nèk Dhèwèké nganggokké aku jubah,

      Kaya mantèn lanang sing nganggo serban,*+

      Lan kaya mantèn wédok sing nganggo perhiasan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim