22 Pas mréntah dadi raja, Yosia+ umuré wolung taun lan mréntah suwéné 31 taun ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Yédida anaké Adaya sing asalé saka Bozkat.+ 2 Yosia nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké niru kabèh tumindaké Daud nènèk moyangé+ lan ora nglanggar hukumé Gusti Allah.