-
Yosua 23:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Saiki, kowé kudu bener-bener kendel bèn isa manut lan nindakké kabèh sing ditulis ing buku Hukum+ Musa. Aja nganti kowé ora manut hukum kuwi,+ 7 lan aja nganti bergaul karo bangsa-bangsa+ sing isih manggon karo kowé. Aja nganti kowé nyebut jenengé allah-allahé+ lan sumpah demi jeneng kuwi, lan aja nganti kowé nglayani utawa sujud marang allah-allah kuwi.+
-
-
1 Para Raja 11:33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Aku nindakké iki merga wong Israèl wis ninggalké Aku+ lan sujud marang Astorèt dèwiné wong Sidon, marang Khémos déwané wong Moab, lan marang Milkom déwané wong Ammon. Wong-wong kuwi ora mlaku ing dalan-dalan-Ku, yaiku ora nindakké sing bener ing ngarep-Ku lan ora manut peraturan-Ku lan hukum-Ku. Wong-wong kuwi ora kaya Daud bapaké Salomo.
-