PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 11:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Pas kuwi, Yéhuwah bakal nduduhké kuwasané pisan manèh kanggo ngumpulké umaté sing slamet saka Asiria,+ Mesir,+ Patros,+ Kus,+ Élam,+ Syinar,* Hamat, lan saka pulau-pulau sing ana ing laut.+ 12 Dhèwèké bakal mènèhi tandha* kanggo bangsa-bangsa lan ngumpulké wong Israèl sing mencar-mencar,+ lan Dhèwèké bakal ngumpulké wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi.+

  • Yésaya 27:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Hé wong Israèl,+ Yéhuwah bakal ngumpulké kowé sing wis padha mencar ing Kali Éfrat tekan Wadi* Mesir,+ kaya wong sing nggebug-nggebug wit bèn buahé tiba lan ngumpulké buahé.

  • Yèhèzkièl 28:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Pas Aku nglumpukké wong Israèl saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi dipencarké,+ Aku bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.+ Wong Israèl bakal manggon ing tanah+ sing wis Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub.+

  • Yèhèzkièl 34:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”’”Aku dhéwé sing bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku,+ lan Aku dhéwé sing bakal mènèhi domba-domba-Ku panggonan kanggo istirahat,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 16 ”Sing ilang bakal Tak golèki,+ sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké. Ning, sing lemu lan sing kuwat bakal Tak patèni. Domba-domba kuwi bakal Tak adili lan Tak hukum sesuai karo tumindaké.”

  • Amos 9:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+

      Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+

      Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+

      Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim