-
Zakharia 6:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Gawénen mahkota saka pérak lan emas, terus pasangen ing sirahé Imam Agung Yosua+ anaké Yéhozadak. 12 Ngomonga marang dhèwèké,
”’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Iki wong sing jenengé Tunas.+ Dhèwèké bakal ngetokké tunas saka panggonané dhéwé, lan dhèwèké bakal mbangun baité Yéhuwah.+ 13 Dhèwèké kuwi sing bakal mbangun baité Yéhuwah, lan dhèwèké bakal diluhurké. Dhèwèké bakal lungguh ing takhtané dadi raja lan imam.+ Dhèwèké bakal nindakké jabatan loro-loroné kuwi lan nggawé keadaan dadi damai.
-