10 Sakwisé para tukang rampung mbangun pondhasi baité Yéhuwah,+ para imam nganggo jubah resmi lan nggawa trompèt.+ Wong Lèwi saka keturunané Asaf ya nggawa simbal. Kabèh wong kuwi ngadeg lan muji Yéhuwah, kaya pengaturan sing wis digawé Daud raja Israèl.+