-
2 Babad 36:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Wong-wong sing lolos saka pedhang ditawan menyang Babilon.+ Wong-wong kuwi didadèkké pelayan kanggo dhèwèké+ lan anak-anaké lanang nganti kerajaan Pèrsia mulai mréntah,+ 21 supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Yérémia kelakon,+ nganti tanah kuwi mbayar lunas sabat-sabaté.+ Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi istirahat,* nganti genep 70 taun.+
-
-
Yérémia 25:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Kabèh wilayah ing tanah iki bakal dadi reruntuhan lan panggonan sing medèni. Bangsa-bangsa iki kudu nglayani raja Babilon 70 taun suwéné.”’+
12 ”Yéhuwah kandha, ’Ning sakwisé 70 taun,+ Aku bakal ngukum raja Babilon lan bangsa kuwi merga kesalahané,+ lan tanahé wong Khaldéa bakal Tak dadèkké panggonan sing gersang lan telantar kanggo saklawasé.+
-