PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 22:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Kabèh wong ing bumi bakal éling karo Yéhuwah lan bali marang Dhèwèké.

      Kabèh suku bangsa bakal sujud ing ngarepé,+

  • Yésaya 2:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Ing dina-dina terakhir,

      Gunung panggonané omahé Yéhuwah

      Bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané.+

      Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.

      Kabèh bangsa bakal bareng-bareng lunga mrono.+

       3 Wong-wong saka bangsa liya bakal lunga mrono lan kandha,

      ”Ayo munggah ing gunungé Yéhuwah,

      Ing omahé Gusti Allahé Yakub.+

      Dhèwèké bakal ngajari awaké dhéwé soal dalané,

      Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”+

      Hukum* bakal metu saka Zion,

      Lan omongané Yéhuwah bakal metu saka Yérusalèm.+

  • Yésaya 11:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Pas kuwi, ana wong saka keturunané* Isai+ sing bakal teka lan dadi tandha* kanggo bangsa-bangsa.+

      Bangsa-bangsa bakal njaluk tuntunané,*+

      Lan panggonané* bakal dadi mulya.

  • Yésaya 55:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Kowé* bakal ngundang* bangsa sing ora mbok kenal.

      Bangsa sing ora kenal karo kowé bakal marani kowé.

      Bangsa-bangsa kuwi nindakké iki kanggo kepentingané Yéhuwah Gusti Allahmu,+

      Yaiku Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.

      Dhèwèké bakal nggawé kowé diajèni.+

  • Yésaya 60:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Bangsa-bangsa bakal marani cahayamu.+

      Raja-raja+ bakal nekani cahayamu*+ sing padhang banget.

  • Hoséa 1:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Ning, wong Israèl bakal dadi akèh kaya pasir ing laut, sing ora isa ditaker utawa diétung.+ Ing panggonan pas Aku ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku,’+ ya ing kono kuwi Aku bakal ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé anak-anaké Gusti Allah sing urip’.+

  • Mikha 4:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Akèh bangsa bakal mara lan kandha,

      ”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,

      Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+

      Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,

      Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”

      Sebab saka Zion bakal ana hukum,*

      Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.

  • Hagai 2:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku arep nggoncangké kabèh bangsa, lan harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu+ menyang omah iki. Aku bakal ngebaki omah iki nganggo kemuliaan.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim