PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 11:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Dhèwèké* bakal mènèhi udan ing tanahmu ing wektuné, yaiku udan pas musim gugur lan udan pas musim semi. Terus, kowé bakal ngumpulké biji-bijian, anggur anyar, lan minyak.+

  • Yérémia 14:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Ing antarané brahala-brahala sing ora ana gunané saka bangsa-bangsa,

      Apa ana sing isa nggawé udan, utawa apa langit kuwi dhéwé isa nggawé udan?

      Mung Njenengan sing isa nindakké kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+

      Aku ngarep-arep Njenengan merga mung Njenengan sing isa nindakké kabèh kuwi.

  • Yérémia 51:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Wektu Dhèwèké ngetokké swarané,

      Banyu ing langit padha gemuruh.

      Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi,

      Ngongkon kilat metu bareng karo* udan,

      Lan ngetokké angin saka gudhang-gudhangé.+

  • Yèhèzkièl 34:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Aku bakal nggawé domba-domba-Ku lan dhaérah ing sekitar bukit-Ku padha diberkahi.*+ Aku bakal mènèhi udan pas musimé. Berkah bakal diesokké kaya udan.+

  • Yoèl 2:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Penduduk* Zion, kowé kudu seneng merga apa sing bakal ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu.+

      Wektu musim gugur, Gusti Allah bakal mènèhi kowé udan sing cukup.

      Gusti Allah ya bakal mènèhi kowé udan sing deres.

      Kaya sakdurungé, Gusti Allah bakal mènèhi kowé udan pas musim gugur lan pas musim semi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim