-
Yésaya 49:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Senajan panggonanmu hancur lan ora diopèni, terus negaramu dadi reruntuhan,+
Ning saiki panggonanmu dadi sempit merga kebak wong,+
Lan wong-wong sing ngremuk kutha-kuthamu+ bakal padha lunga.+
20 Sakwisé kélangan anak, kowé nglairké anak-anak liyané.
Anak-anak kuwi bakal ngomong ngéné,
’Panggonan iki sempit banget.
Aku butuh panggonan sing luwih amba bèn isa tak enggoni.’+
-
-
Yésaya 54:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
54 Yéhuwah ngomong, ”Hé kowé wong wédok sing ora tau nglairké anak,+ kowé kudu sorak-sorak.
Hé kowé sing ora tau ngrasakké lara pas nglairké,+ kowé kudu sorak-sorak,+
Merga wong wédok sing ditinggalké bakal nduwé luwih akèh anak*
Timbang wong wédok sing nduwé bojo.*+
2 Kémahmu kudu mbok gawé luwih jembar.+
Kain sing dienggo nutupi kémahmu sing gedhé kudu mbok gawé luwih jembar manèh.
Dawakna taliné sak dawa-dawané,
Lan pathoké kudu mbok tancepké nganti jero.+
-