16 ”Hé anaké manungsa, njupuka tongkat, lan tulisana ngéné: ’Kanggo Yéhuda lan wong Israèl sing nggabung karo dhèwèké.’+ Bar kuwi, njupuka tongkat manèh, lan tulisana ngéné: ’Kanggo Yusuf, yaiku tongkaté Éfraim, lan kabèh wong Israèl sing nggabung karo dhèwèké.’+