PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 40:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Kowé kudu ngongkon Harun lan anak-anaké lanang mara ing cedhaké lawang kémah pertemuan. Terus, kowé kudu ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+

  • Pangentasan 40:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Kowé kudu nglantik wong-wong kuwi, kaya kowé nglantik bapaké,+ bèn wong-wong kuwi dadi imam kanggo Aku. Merga dilantik, wong-wong kuwi bakal nduwé hak dadi imam nganti saklawasé, nganti turun-temurun.”+

  • Wilangan 3:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”Kongkonen wong Lèwi+ maju lan ngadeg ing ngarepé Imam Harun. Wong Lèwi bakal dadi pelayané+ Harun.

  • Wilangan 18:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Wong Lèwi kudu nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal panggonan suci.+ Ing antarané wong Israèl, wong Lèwi ora éntuk jatah warisan. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.+

  • Yèhèzkièl 44:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Pas wong Israèl ninggalké Aku,+ para imam Lèwi keturunané Zadok+ tetep nindakké tugas ing bait-Ku. Mula, para imam kuwi bakal nglayani Aku lan ngadeg ing ngarep-Ku kanggo mènèhké persembahan, yaiku gajih+ lan getih.+ 16 Wong-wong kuwi sing bakal mlebu menyang bait-Ku lan nglayani Aku ing mézbah-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas sing wis Tak préntahké.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim