8 Ning, pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa.+ Kowé ya bakal dadi seksiku+ ing Yérusalèm,+ ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria,+ nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.”+
18 Ning, aku takon soal wong Israèl: Apa wong-wong kuwi ora krungu berita kuwi? Ya, merga Kitab suci kandha, ”Critané isa tekan endi-endi ing bumi iki lan tekan ujungé bumi.”+
13 Saiki aku ngomong karo kowé sing asalé saka bangsa liya. Merga aku iki rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya,+ aku nganggep nèk gawéan sing tak tindakké kanggo Gusti Allah kuwi berharga.*+
6 Terus, aku ndelok malaékat liyané sing mabur ing langit. Dhèwèké ngumumké kabar apik sing bakal ana nganti saklawasé marang kabèh wong ing bumi, kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa.+