37 ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.+ Aja nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya bèn wong liya ora nggolèk-nggolèk kesalahanmu. Kowé kudu terus ngapura* bèn kowé ya diapura.*+
2Mula, kowé ora nduwé alesan kanggo ngadili wong liya, ora soal kowé kuwi sapa.+ Nèk kowé ngadili wong liya, padha waé kowé ngukum awakmu dhéwé, merga tumindakmu ya kaya ngono.+
13 Dadi, aja ngadili wong liya manèh.+ Ning, kowé kudu nduwé tékad nèk ora bakal nggawé imané seduluré awaké dhéwé dadi lemah.* Kowé ya aja nggawé seduluré awaké dhéwé tiba.+