-
Lukas 11:9-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Mula, kowé tak kandhani, terusa njaluk,+ lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.+ 10 Saben wong sing njaluk bakal nampa,+ saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 11 Apa ana bapak sing bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak,+ 12 utawa mènèhi kalajengking nèk anaké njaluk endhog? 13 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.”+
-