-
Kaimaman 14:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 ”Imam kudu mènèhké persembahan dosa+ lan njaluk bèn dosané wong kuwi diapura. Bar kuwi, imam kudu mbelèh kéwan persembahan bakaran. 20 Terus, imam kudu mènèhké persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian+ ing mézbah. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura,+ lan wong kuwi bakal ora najis manèh.+
-