PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 7:1-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh, Yésus mlebu ing Kapernaum. 2 Ing kono, ana perwira sing nduwé budhak sing dhèwèké sayangi banget. Budhaké kuwi lara parah nganti arep mati.+ 3 Wektu krungu soal Yésus, perwira kuwi ngongkon para pemimpin* Yahudi kanggo njaluk tulung marang Yésus bèn teka lan marèkké budhaké. 4 Mula, para pemimpin mau marani Yésus lan bener-bener njaluk tulung. Para pemimpin kuwi kandha, ”Dhèwèké pantes mbok tulungi. 5 Dhèwèké wis nresnani bangsané awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi sing mbangun sinagogé* ing kéné.” 6 Mula, Yésus lunga bareng karo para pemimpin kuwi. Ning, pas Yésus wis cedhak omahé perwira kuwi, perwira kuwi ngongkon kanca-kancané nemoni Yésus bèn nyampèkké omongané, ”Pak, njenengan ora usah répot-répot teka. Aku ngrasa ora pantes mbok tamoni.+ 7 Mula, aku ora nemoni njenengan langsung. Njenengan cukup ngomong sak kata waé, lan pembantuku mesthi mari. 8 Aku iki ya nduwé pemimpin, lan aku ya nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku ngongkon salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku ngongkon prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 9 Wektu krungu omongan kuwi, Yésus kagum karo perwira kuwi. Terus, Yésus ndeloki wong-wong sing ngetutké dhèwèké lan kandha, ”Kowé tak kandhani, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim