-
Pangandharing Torèt 14:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Kowé ya ora éntuk mangan babi, merga babi mung nduwé kuku belah tapi ora memamah biak. Babi kuwi haram. Aja mangan dagingé lan aja ndemèk bathangé.
-
-
Lukas 8:31-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Roh-roh kuwi bola-bali njaluk bèn Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi mlebu ing jurang sing jero banget.*+ 32 Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ sing lagi mangan ing gunung. Mula, roh-roh jahat kuwi njaluk marang Yésus bèn éntuk mlebu ing babi-babi kuwi, lan Yésus ngijinké.+ 33 Roh-roh jahat mau metu saka wong lanang kuwi lan mlebu ing babi-babi kuwi. Terus, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing danau nganti akhiré mati kleleb. 34 Ning, wektu ndelok kuwi, wong-wong sing njaga kumpulan babi mau mlayu lan nyritakké kuwi ing kutha lan ing dhaérah sekitaré.
-