-
Lukas 11:31, 32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba*+ bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+ 32 Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+
-